Alkisah. Sawijining dina Dodo ngobrol karo bojone neng
teras omah.
Bojo: "Mas, aku pengin latihan renang, oleh ta?!!"
Dodo: "Arep nggo apa?! Wis tuwa ndadak pethakilan
pengin renang barang."
Bojo: "Ben langsing to Mas, kaya jaman isih prawan
ndhisik..!"
Dodo: "Haalaah, iwak paus kae sing saben dina
renang ya tetep gendut...!!"
Bojo: "Huhhhhh!!"
Telung minggu sak uwise.
Dodo: "Jeng, wiwit saiki aku arep mangan buah2an
sing akeh.
Sesuk
tukokna neng pasar ya...!!"
Bojo: "Tumben doyan buah2an, arep nggo apa to
mas..?"
Dodo: "Ben sehat to jeng, seger lan ganteng koyo
jaman nom2an dhisik.
Kan
kowe yo melu bangga...!"
Bojo: "Alaah Mas, munyuk kae saben dina mangan buah2an,
rupane
yo tetep elek... 😄😀😀
Dodo atine gela di munyuk munyukne. Sawijine dina Minggu
Dodo ngeterke bojone blanja.
Dodo: "Jeng blanja kok sayur thok... Lha daginge
endi"
Bojo: "Aku arep diet rendah kalori mas, akeh porsi
sayure..ben langsing"
Dodo: "Jare sapa ta jeng...., sayur marakke kuru...
Sapi
karo kebo kae saben dina mung dipakani suket ijo....
malah
lemu ginuk ginuk."😡😡😡
